Binarung swaraning pradangga munya hangrangin hambabar gangsa prasojo ingkang kinarya regenging swasono , kaya ana gandha ngambar arum katiyuping samirono mondho. Kawistoro jengkaring
temanten putri mijil saking panti busono.
Panti ateges papan, busono ageman . Mijil saking
panti busono ateges miyos saking papan
ageman sedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing wonten salebeting
sasana pahargya.
Penganten putri hangagem busono ingkang sarwo retno
hangemba busananing garwo noto,katon pating gebyar gemebyar, pating pancurat, lamun rinumpko ing ukororo yayah kartika silih
prenah.
Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira kasampirangken wonten ing pamindhangan kanan,lamun katiyuping samirono, kongas
gandhane hangebegi sasana pawiwahan
Endah edi busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane lan manis eseme ,
lamun cinadra ilang sipate jalma sawantah pan yayah bethari Ratih ngeja wantah.
Tindakiro hamucang kanginan, lengkeh lengkeh , sardulo
lupa sapecak mangu sapecak kendhel .
Pangudasmaraning driyo ingkang mboten kawiyosing lisan , hamung tansah
hangererantu prataning jejaka tumaruno ingkang dadiya gegantilanng nala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar