Jumat, 29 Juni 2012

PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG

Gunipit swaraning gangsa ingkang ambabar ladrang Wilujeng Laras Pelog Pathet Barang. Kawistingal  jengkaring putra temanten kakung mijil saking panti palereman, manjing ing sasana pahargyan 

Geter  pater kaya ana teja kang manther. Horeg sanjawining sasana pahargyan. Bebasan sorak  hambata rubuh , Sedaya awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang katingal agung, ageng lan wibowo.

Temantun Kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna, Dedek pideksa pangawak pradata , sariro amabrata, sembada ing driya tang mingkung saliring kewuh , Tatag teteg tangguh, tanggung jawab prapteng ngendon, langkung lagkung sinasaban busono ingkang tineretes benang kencono. suminar agilar gilar, gemebyar cumalorot ananging datan hambelerengi. Saya malih  nganggem destar hangemba nata sayekti datan ana tan kuciwa.

Dampyak dampyak para kadang sekaliyan warga wandana, Alur selur dalidir tan ana pedote kang hangayap hambayangkara tindakipun risang temanten kakung.  Hanggenya lumaksana lengkeh lengkeh pindho sato manggih krama. Sapecak manoleh nganan sapecak manoleh ngiring , Semu hangungun anguningani eden eden ingkang satuhu sarwa endah ing sasana pahargyan kang hangrenggani tawinging wiwara pahargyan.

Wus handungkap dumugi  unggyan kang tinuju . Tindakira gya kendel ing sangajenging wiworo, Keparenging gya sedya lumaris lumaksono adicoro pasrah tampa

Senin, 25 Juni 2012

MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI



Binarung swaraning pradangga  munya hangrangin hambabar gangsa prasojo ingkang kinarya regenging swasono  , kaya ana gandha ngambar arum katiyuping samirono mondho. Kawistoro jengkaring temanten putri mijil saking panti busono.

Panti ateges papan, busono ageman . Mijil saking panti  busono ateges miyos saking papan ageman sedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing wonten  salebeting sasana pahargya.

Penganten putri hangagem busono ingkang sarwo retno hangemba busananing garwo noto,katon pating gebyar gemebyar, pating pancurat,  lamun rinumpko ing ukororo yayah kartika silih prenah.

Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira  kasampirangken wonten ing pamindhangan kanan,lamun katiyuping samirono, kongas gandhane hangebegi sasana pawiwahan

Endah edi busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane  lan manis eseme , lamun cinadra ilang sipate jalma sawantah pan yayah bethari Ratih ngeja wantah.

Tindakiro hamucang kanginan, lengkeh lengkeh , sardulo lupa sapecak mangu sapecak kendhel  . Pangudasmaraning driyo ingkang mboten kawiyosing lisan , hamung tansah hangererantu prataning jejaka tumaruno ingkang dadiya gegantilanng  nala