Geter pater kaya ana teja kang manther. Horeg sanjawining sasana pahargyan. Bebasan sorak hambata rubuh , Sedaya awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang katingal agung, ageng lan wibowo.
Temantun Kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna, Dedek pideksa pangawak pradata , sariro amabrata, sembada ing driya tang mingkung saliring kewuh , Tatag teteg tangguh, tanggung jawab prapteng ngendon, langkung lagkung sinasaban busono ingkang tineretes benang kencono. suminar agilar gilar, gemebyar cumalorot ananging datan hambelerengi. Saya malih nganggem destar hangemba nata sayekti datan ana tan kuciwa.
Dampyak dampyak para kadang sekaliyan warga wandana, Alur selur dalidir tan ana pedote kang hangayap hambayangkara tindakipun risang temanten kakung. Hanggenya lumaksana lengkeh lengkeh pindho sato manggih krama. Sapecak manoleh nganan sapecak manoleh ngiring , Semu hangungun anguningani eden eden ingkang satuhu sarwa endah ing sasana pahargyan kang hangrenggani tawinging wiwara pahargyan.
Wus handungkap dumugi unggyan kang tinuju . Tindakira gya kendel ing sangajenging wiworo, Keparenging gya sedya lumaris lumaksono adicoro pasrah tampa